FAS-ALUU AHLADZ- DZIKRI INKUNTUM LAA TA'LAMUUN
Bismillaahirrohmaanirrohiim....
Alhamdulillaahilladzii ja'ala lanaal iimaana wal islaama thoriiqoon ilaiihi wasabiilaan. wa aqooma lanaa 'ala ma'rifatihi burhaanaan waa dlikhaan wa daliilaan. wa ba'atsa ilainaa sayyidanaa Muhammad ibn 'Abdillaahi shollallahu 'alaihi wa'alihi wasallama rohmatan lanaa wamutammimaan limakaarimil akhlaaqi warosuulaan.
Wassholaatu wassalaamu 'ala sayyidil mursaliina sayyidina Muhammadin wa'ala aalihiththoohiriina : wa ashkhaabihil mujaahidiina. maa sabbakha musabbikhun bukrotan wa ashiilaan (amma ba'du) fahaadzihi hiya risaalatun shoghiirotun minal qismatil uula mutarjamati biillughotil jaawiyati fiimaa la budda minhu minal 'aqooidid diiniyyati. watabtuhaa bidzaalika liyas hula khifdluhaa wafahmuhaa litalaamiidzil mu'aahidid diiniyyatil ibtidaaiyyati 'ala thoriiqoti ta'liimi wa ijaazati abiinaas syaikhil 'aalimil 'allaamati walkhabril fahhaamatis syaikhi abii 'ubaidata rohimahullaahu ta'aala wanafa'anaabihi wabi'uluumihi wabarokaatihi aamiinas saakini fii giiroini talang tegal jawa tengah.
Wasammaituhaa ta'liimal mubtadi iina fil 'aqooidil khomsiinallati yajibu ma'rifatuhaa 'ala 'umuumil muslimiina falmas uula minal maula subhaanahu wata'aala an yahdiyanaa liaqwami thoriiqin wayalkhaqonaa bikhoiri fariiqin innahu waliyyul hidaayati wattaufiiqi wama taufiiqi illaa billaahi 'alaihi tawakkaltu wailaihi uniib. almuallifu.
I'lam. weruho siro hai wong mukallaf,,
Setuhune kewajiban kang wajib ingatase wong aqil baligh, iku mlebu ing agomo Islam sarto netepi ing agomo Islam salawase,.. olehe mlebu kelawan ngucap syahadat loro, sarto kelawan ngaweruhi ing maknane pisan, kerono ora sah mungguh madzhab sawiji opo Islame wong kang wus ngucap syahadat loro khale ora weroh ing maknane pisan, milo pomo-pomo poro sedulur kito muslimin ayo digiataken olehe muruki maring anak-anak kito lan tonggo-tonggo kito ing dalem maknane syahadat loro, kerono pirang-pirang wong ngaku Islam tapi durung weroh ing asale Islam iyaiku syahadat loro sarto maknane....
Iki lafadze syahadat loro sarto maknane kelawan diterjemahaken coro Jowo ingkang ringkes. iki rupane
ASYHADU ANLAA ILLAAHA ILAALLAH, WAASYADU ANNA MUHAMMADURROSULULLAH
Nakseni ingsun lan neqadaken ingsun kelawan ati ingsun ing satuhune kelakuan iku ora ono Dzat kang wajib den sembah kelawan haq ing dalem wujude anging ALLAH.
ALLAH kang wajib anane kang muhal ora anane kang wis agawe ALLAH ing pitung langit lan pitung bumi lan saisine pisan lan kang murba maseso ALLAH ing mahluk kabeh.
Lan malih nakseni ingsun lan nekadaken ingsun kelawan ati ingsun ing satuhune kanjeng Nabi Muhammad iku dadi utusane ALLAH lan dadi kawulane ALLAH, kanjeng Nabi Muhammad iku wong lanang, wong merdeka, wong Arab, anak putu Adam, Romone kanjeng Nabi Muhammad iku Kyai Abdullah , Ibune kanjeng Nabi Muhammad iku nyai Siti Aminah, Kyaine kanjeng Nabi Muhammad Kyai Abdul Mutholib, Buyute kanjeng Nabi Muhammad Kyai Hasyim canggahe kanjeng Nabi Muhammad Kyai Abdul Manaf.
Den utus kanjeng Nabi Muhammad maring sekabehane menungso lan jin lan malaikat.
Kautus kanjeng Nabi Muhammad neka’aken ilmu syare'at, thoreqot, haqiqot. Yaiku rukune Islam lan iman lan ikhsan.
Ridho ingsun, ingsun dipengerani pengeran ALLAH. Ridho ingsun, ingsun digusteni Gusti kito kanjeng Nabi Muhammad. Ridho ingsun, ingsun diagomoni agomo Islam, agomo kang luwih jejeg bener, ridho ingsun, ingsun dipanutani panutani kitab Al-Qur’an.
(AWWALU WAJIBIN ALLAL INSANI MARIFATUL ILA HIBISTIKONI)
Utawi kawitane perkoro kang wajib ingatase wong aqil baligh lanang lan wadon iku kudu ngaweruhi ing Pangerane kelawan yakin tegese kelawan dalil, tegese ngaweruhi ing piro-piro sifat kang wajib ing Dzate ALLAH lan ngaweruhi ing piro-piro sifat kang muhal andoh saking Dzate ALLAH lan ngaweruhi ing perkoro kang wenang nisbat ing Dzate ALLAH. Lan wajib malih ingatase wong aqil baligh lanang lan wadon opo arep ngaweruhi ing perkoro kang wajib kaduwe kelakuane wong agung poro rosul kabeh lan ngaweruhi piro-piro sifat kang muhal andoh saking kelakuane wong agung poro rosul kabeh lan ngaweruhi perkara kang wenang kaduwe kelakuane wong agung poro rosul kabeh.
(ALAIHIMUS SHOLATU WASSALAMU)
Lan kudu ngaweruhi ing pelanggerane wajib, mustahil, jaiz ikilah rupane:
(FAL WAJIBU MALA YAK BALUL INTIFA’A)
Mangka utawi pelanggerane kang aran wajib akli iku barang kang ora nerimo sibareng ing nafi balik nerimo sibareng ing tetep belaka.
(WAL MUSTAHILU MALA YAK BALUS SUBUTA)
Utawi pelanggerane kang aran mustahil aqli iku barang kang ora nerimo sibareng ing tetep balik nerimo sibareng ing nafi belaka .
(WAL JAIZU MAYAK BALUSUSUBUTA WALINTIFAA ALASSABILIT TANAWUBI)
Utawi pelanggerane kang aran jaiz aqli iku barang kang nerimo sibareng ing tetep lan nerimo sibareng ing nafi ingatase dalan genta-genti. Utawi setengah setengah saking piro-piro sifat kang wajib ing Dzate ALLAH iku rongpuluh lan utawi setengah saking piro-piro sifat kang muhal andoh saking Dzate ALLAH iku rongpuluh malih dadi jumlahe ono patangpuluh ikilah rupane:
WUJUD : Tegese wajib ono ALLAH muhal ora nana ALLAH.
QIDAM : Tegese wajib dingin ALLAH ora nana kawitane muhal anyar ALLAH.
BAQO : Tegese wajib langgeng ALLAH ora nana tuduk-tuduke muhal rusak ALLAH.
MUKHOLAFATULLILHAWADITSI :Tegese wajib sulaya ALLAH maring sekabehane perkoro kang anyar. Sulaya ing dalem Dzate lan sulaya ing sifate lan sulaya ing dalem penggaweane, muhal podo ALLAH maring sekabehane perkoro kang anyar. Podo ing dalem Dzate lan podo ing dalem sifate lan podo ing dalem penggaweyane. Utawi artine sulaya ALLAH ing dalem Dzate tegese Dzate ALLAH iku dudu jirim Dzate hawadis iku jirim. Utawi artine sulaya ALLAH ing dalem sifate tegese sifate ALLAH iku ora owah-owah sifate hawadis iku owah-owah. Utawi artine sulaya ALLAH ing dalem penggaweyane tegese penggaweyane ALLAH iku ta’tsir penggaweyane hawadis iku kasab lan ikhtiyar. Utawi artine kang aran penggawe ta’tsir iku penggawe kang ora karep maring perabot lan ora karep maring wong kang nulungi. Utawi artine kang aran penggawe kasab lan ikhtiyar iku penggawe kang karep maring perabot lan karep maring wong kang nulungi. Kang yaiku ALLAH.
QIYAMUHUTA’ALA BINAFSIHI: Tegese wajib jumenang ALLAH kelawan Dzate dewek muhal karep ALLAH maring dzat liyan lan muhal karep ALLAH maring wong kang mujudaken.
WAHDANIYAH :Tegese wajib sawiji ALLAH sawiji ing dalem Dzate lan sawiji ing dalem sifate lan sawiji ing penggaweyane muhal wilangan ALLAH. Ing dalem Dzate lan ing dalem sifate lan ing dalem penggaweyane. Utawi artine sawiji ALLAH ing dalem Dzate tegese Dzate ALLAH iku ora susun-susun lan Dzate ALLAH iku ora nana kang madani. Utawi artine sawiji ALLAH ing dalem sifate tegese sifate ALLAH iku ora wilangan jinis kaya qudrot loro utawa irodat loro lan sifate ALLAH iku ora nana kang madani. Utawi artine sawiji ALLAH ing dalem penggaweyane tegese penggaweyane ALLAH iku ora nana kang madani.
QUDROT : Tegese wajib kuasa ALLAH ora kelawan perabot muhal apes ALLAH.
IRODAT : Tegese wajib kersa ALLAH ora kelawan pikir-pikir muhal kesereng ALLAH.
'ILMU : Tegese wajib ngudanani ALLAH ora kelawan ati muhal bodo ALLAH.
HAYAT : Tegese wajib urip ALLAH ora kelawan roh muhal mati ALLAH.
SAMA’ : Tegese wajib wajib mirungu ALLAH ora kelawan kuping muhal tuli ALLAH.
BASHOR : Tegese wajib ningali ALLAH ora kelawan mata muhal wuta ALLAH.
KALAM : Tegese wajib ngendika ALLAH ora kelawan huruf suara muhal bisu ALLAH.
QODIRO : Tegese wajib kang kuasa ALLAH ora kelawan ati muhal kan apes ALLAH.
MURIDAN : Tegese wajib kang kersa ALLAH ora kelawan pikir-pikir muhal kang kesereng ALLAH.
'ALIMAN : Tegese wajib kang ngudanani ALLAH ora kelawan ati muhal kang bodo ALLAH.
HAYYAN : Tegese wajib kang urip ALLAH ora kelawan roh muhal kang mati ALLAH.
SAMI'AN : Tegese wajib kang mirungu ALLAH ora kelawan kuping muhal tuli ALLAH.
BASIRON : Tegese wajib kang ningali ALLAH ora kelawan mata muhal kang wuta ALLAH.
MUTAKALIMAN :Tegese wajib kang ngendika ALLAH ora kelawan huruf suara muhal kang bisu ALLAH. Utawi kang nuduhaken ing wajibe bersifate ALLAH kelawan sifat rongpuluh rupane awit saking sifat wujud tumeka maring sifat mutakaliman yaiku anyare iki lah alam tegese bumi langit serta saisine kabeh kerono lamuntah ora wajib bersifate ALLAH sifat rongpuluh mangka yekti bersifate ALLAH kelawan dide sifat rongpuluh rupane awit saking sifat adam tumeka maring sifat abkama kapan-kapan bersifate ALLAH kelawan dide sifat rongpuluh mangka yekti anyar ALLAH, kapan-kapan anyar ALLAH mangka yekti apes ALLAH kapan-kapan apes ALLAH mangka yekti ora wujud opo alam tetapi ora wujude si alam iku batal sebab wus ketingalan mata, kapan-kapan batal mangka dadi wajib opo bersifate ALLAH kelawan sifat rongpuluh rupane awit saking sifat wujud tumeka maring sifat mutakaliman. Utawi sifat kang wenang nisbat ing Dzate ALLAH iku sawiji rupane Fi’lu kulli mumkinin autarkuhu: Tegese wenang nisbat ing Dzate ALLAH opo olihe agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin yaiku wenang muhal wajib. Utawi kang nuduhaken ing wenange olihe agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin utawa olihe agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin yaiku lamuntah wajib opo olihe agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin utawa lamuntah muhal opo olihe agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin mangka yekti kabalike opo wujude si mumkin ing dadi wajib atawa dadi mustahil tetapi kabalike wujude si mumkin ing dadi wajib utawa dadi mustahil liku batal sebab wis ketingalan mata. Kapan-kapan batal mangka dadi wenang opo olihe agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin utawa wenang opo olihe tinggal agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin muhal wajib. Lan wajib malaih ingatase wong aqil balih lanang lan wadon opo arep ngaweruhi ing lima piro-piro mu’takod lan dide ya limo malih dadi jumlahe ono sapuluh kang dingin: Annahula Yajibualaihi taala fi’lu syaiin: tegese satuhune kelekuane iku ora wajib ingatase ALLAH opo olihe agawe ALLAH ing sawiji-wiji saking mumkin utawa olihe tinggal ALLAH ing sawijij-wiji saking mumkin muhal wajib:lan kapindo watanazzahumu aniliahrodi fiafalihi waahkamihi: tegese wajib opo Maha Sucine ALLAH ando saking ngalaf faidah ing dalem piro-piro penggaweane ALLAH lan ing dalem piro-piro hukume ALLAH, muhal ngalaf faidah. Lan kaping telu Lata’siro lisyain minal kainati bikuwwatihi: tegese wajib opo olihe ora nglabeti kaduwe sawiji-wiji saking mumkin kelawan pakuwatane si mumkin muhal opo olihe nglabeti kaduwe sawiji-wiji saking mumkin kelawan pakuwatane si mumukin: Lan kaping pat Lata’siro lisyain minal kainati bitob ‘ihi: tegese wajib opo olihe ora nglabeti kaduwe sawiji-wiji saking mumkin kelawan wateke si mumkin muhal opo olihe nglabeti kaduwe sawiji-wiji saking mumkin kelawan wateke si mumkin: Lan kaping limo Hudusul alami biasrihi: tegese wajib opo anyare si alam kelawan sekabehane alam muhal opo olihe si alam. Lan wajib malih ing atase wong aqil baligh lanang lan wadon opo arep nekodaken ing setuhune ALLAH ta'ala iku wajib opo bersifate ALLAH kelawan piro-piro sifat sampurna kang ora nana tuduk-tuduke muhal opo bersifate ALLAH kelwan piro-piro sifat kekurangan kang ora nana tuduk-tuduke wallahu a'lam (FASLUN)
Utawi piro-piro sifat kang wajib kadue kelakuane wong agung poro rosul kabeh iku papat..Lan utawi piro-piro sifat kang muhal ando saking kelakuane wong agung poro rosul kabeh iku papat malih dadi jumlahe ono wolu kang dingin sifat shidiq: tegese wajib opo benere poro rosul kabeh ing dalem pengendikane muhal opo gorohe poro rosul kabeh ing dalem pengendikane. Lan kapindo sifat amanah: tegese wajib opo sentosane poro rosul kabeh andoh saking nglakoni harom atawa makruh muhal opo cidrane poro rosul kabeh kelawan nglakoni harom atawa makruh. Lan kaping telu sifat tablih: tegese wajib opo nekaaken poro rosul kabeh ing barang kang den prentah daning ALLAH muhal opo ngumpete poro rosul kabeh ing bareng kang den prentah daning ALLAH. Lan kaping pat sifat fathonah: tegese wajib opo limpade akale poro rosul kabeh muhal opo bodone akale poro rosul kabeh. Utawi kang nuduhaken ing wajibe bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat shidiq, yaiku lamuntah podo karo sopo poro rosul kabeh ing dalem pengendikane mangka yekti tetep opo karo ing dalem khobar khukmine ALLAH. Tetapi tetep karo ing dalem khobar khukmine ALLAH iku muhal kapan-kapan muhal mangka dadi ono opo gorohe poro rosul kabeh yaiku muhal. Kapan-kapan muhal mangka dadi wajib opo bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat shidiq. Utawi kang nuduhaken ing wajibe bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat amanah yaiku lamuntah podo nyidraaken poro rosul kabeh ing awake kelawan nglakoni harom utawa makruh. Tetapi anane kito sedoyo umate dikon nglakoni harom utawa makruh yaiku muhal sebab gusti ALLAH wis dawuh ing dalem Qur’an rupane dawuh : INNALLAHA LAYA’MURU BILFAHSYAI: tegese setuhune ALLAH iku ora prentah kelawan nglakoni perkoro kang ala tegese harom utawa makruh, kapan-kapan muhal mangka dadi wajib opo bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat amanah: Utawi kang nuduhaken ing wajibe bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat tabligh yaiku lamuntah podo ngumpete sopo poro rosul kabeh ing bareng kang den prentah daning ALLAH mangka yekti anak kito sedoyo umat iku dikon ngumpetaken ilmu nafi. Tetapi dikone kito sedoyo umat kelawan ngumpetaken ilmu nafi iku muhal sebab gusti ALLAH wis dawuh ing dalem Qur’an rupane dawuh: Ulaika yal’anuhumullahu wayal’anuhumulla’inun: Tegese utawi mengkono-mengkono wong akeh kang podo ngumpetaken ilmu nafi iku ngla’nati ing wong akeh sopo ALLAH lan ngla’nati ing wong akeh sopo poro malaikat: Kapan-kapan muhal mangka dadi wajib opo bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat tabligh. Utawi kang nuduhaken ing wajibe bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat fathonah yaiku lamuntah ora podo limpade akale poro rosul kabeh mangka yekti ora kuasa poro rosul kabeh ingatase ngujah ngujahi ing poro musuh-musuh kabeh tegese poro kafir-kafir kabeh tetapi ora kuasane poro rosul kabeh ingatase hujjah iku muhal sebab Gusti ALLAH wis dawuh ing dalem Qur’an rupane dawuh:waja dilhum billati hiya ahsanu tegese madanana siro Muhammad ing poro musuh-musuh kabeh tegese poro kafir-kafir kabeh kelawan hujjah kang bagus-bagus. Kapan-kapan muhal mangka dadi wajib opo bersifate poro rosul kabeh kelawan sifat fathonah. Utawi sifat kang wenang kaduwe kelakuane wong agung poro rosul kabeh iku sewiji rupane: Wukuul a’rodilbasyarriyati lahum: tegese wenang ing poro rosul kabeh opo tumibane piro-piro sifat kang bongso manungso kang ora dadi najataken ing darojate poro rosul kabeh. Sorahe kaya loro kang dangan mangan, nginung,turu,luwe, akad nikah yaiku kabeh wenang ing poro rosul kabeh. Muhal opo bersifate poro rosul kabeh kelawan sifate Pengeran lan muhal opo bersifate poro rosul kabeh kelawan sifate poro malaikat utawi kang nuduhaken ing wenange tumibane sifat kang bongso manungso ing poro rosul kabeh yaiku wis ketingalan si a’rod kang bongso manungso hale tumiba ing poro rosul kabeh wis ketingalan ing wong kang podo ambarengi ing poro rosul kabeh lan tumekane mengkono-mengkono hobar ketingalan maring kito sedoyo umat olihe tumeka kelawan hobar kang tumpa-tumpa lan wajib malih ingatase wong aqil baligh lanang lan wadon opo arep ngimanaken ing papat piro-piro perkoro. Kang dingin: al imanu bisairil ambiyai: Tegese wajib opo arep ngimanaken ing sekabehane poro nabi lan kaping pindo: Al imanu bias iril malaikati: Tegese wajib opo arep ngimanaken ing sekabehane poro malaikat. Lan kaping telu : Al imanu bisa iril kutubissamawiyati: Tegese wajib opo arep ngimanaken ing sekabehane kitab kang bongso langit. Lan kaping papat: Al imanu biyaumil akhir: Tegese wajib opo arep ngimanaken ing dino kang akhir tegese dino kiamat arane.
Lan wajib malih ingatase wong aqil baligh lanang lan wadon opo arep nekotaken ing setuhune kanjeng Nabi Muhammad iku den putraaken ing wonten ing negoro Mekkah lan jumenang dadi utusan wonten ing negoro Mekkah nuli pindah kanjeng Nabi Muhammad dating negoro Madinah den utus kanjeng Nabi Muhammad ing dalem negoro Madinah gerahe kanjeng Nabi Muhammad wonten ing negoro Madinah. Sedone kanjeng Nabi Muhammad wonten ing negoro Madinah, dipun sareaken kanjeng Nabi Muhammad wonten ing dalemme Nyai Siti 'Aisyah rodhiyallahu anha lan wajib malih ing atase wong aqil baligh lanang lan wadon opo arep nekotaken ing setuhune kanjeng Nabi Muhammad iku bagus rupane putih semu abang kang majana dedekke ora duwur pisan lan ora endep pisan lan setuhune kanjeng Nabi Muhammad iku dadi pungasane poro nabi kabeh tegese ora nana nabi malih sawusse gusti kito kanjeng Nabi Muhammad shollallahu 'alaihi wassalam (TAKMILATUN) Utawi jumlahe mu’taqod kang wis tinutur iku sawidak papat. Utawi iki mu’taqod sawidak papat iku kapaham saking ma’nane kalimah LA ILLAHA ILLALLAHU MUHAMMADURROSULULLAHI SHOLLAHU ‘ALAIHI WASSALAM kerono utawi ma’nane kalimah la illaha illah iku tsubutul uluhiyyati lillahi taa’la: tegese wajib opo tetepe sifate uluhiyyh ing Dzate Gusti ALLAH. Utawirupane uluhiyyah iku istighna ulli lilah ‘ankulli masiwahu waftikoru kulli maadamu ilaih: Tegese wajib opo sukbihe ALLAH andoh saking saben-saben bareng kang saliyane ALLAH lan wajib opo karepe saben-saben bareng kang saliyane ALLAH karepe maring ALLAH. Anapun utawi mu’takod kang kapaham saking istighna iku ono wolulikur kang wajib ono patbelas iki rupane: Wujud, qidam, baqo’, mukholafatullilhawadisi, qiyamuhu ta'ala binafsihi, sami’, bashor, kalam, sami’an, bashiron, mutakalliman.